Senin, 09 Maret 2009

Sholawat Eling Kubur

Posted by Unknown on 01.50 0 komentar


Alhamdulillah pemuji kito,
Rohmat lan salam ing Nabi kito,
Soho ahline kabeh shohabat,
Kang podo manut Nabi Muhammad,

Puniko syi'ir, isi pitutur,
Kang ngelingake ing alam kubur,
Puniko syi'ir, isis pitutur,
Sinten kang ngagem kawulo syukur.

Bapak lan ibu kabeh dulurku,
Sanak kerabat lan kadang-kadangku,
Zaman saiki parek kiyamat,
Monggo sedoyo kerso taubat,

Mumpung durung, ketekan pati,
Lamun teko tan keno semayani,
Mumpung durung, ketekan pati,
Lamun wus mati ora biso bali.

Urip ing donya piro suwene,
Den upamak-ke mung mampir ngombe,
Mulo dulurku monggo ngelingke,
Ing awak dewe lan keluargane,


Supoyo ojo, lali asale,
Biyen ra ono, banjur mengkene,
Supoyo ojo lali asale,
Bakale sowan ing Pengerane.

Pecating nyowo banget larane,
Kadyo den pedang kabeh badane,
Kaping telung atus ambalane,
mengkono iku mungguh rasane,

Mulo dulurku ojo nglalekke,
Persiapan ing saben dinane,
Mulodulurku ojo nglalekke,
Siap-siap den cabut nyawane.

Lamun wus teko siro ing pati,
Nuli den dusi lan den ulesi,
Poro sedulur podo nyolati,
Sarto donga kanti mrebes mili,

Mergo ngelingi bakale mati,
Koyo kang nembe siro lakoni,
Mergo ngelingi, bakale mati,
Sowan ing Allah kang Moho Suci,

Tumuli jasad iro den gowo,
Maring kuburan numpak -e krendo,
Poro sedulur podo ngireng-ke,
Tumeko siro den sarek-ake,

Ono kuburan, amal koncone,
Olo lan becik, wektu uripe,
Ono kuburan, amal koncone,
Olo lan becik, den adepake.

Siro den tablek, lemah lan watu,
Ono dulurmu tancepi kayu,
Tancepan iku kanggo nengeri,
Menowo dulur arep ngeteri,

Wacanan Qur-an, Sholawat lan donga,
Supoyo siro oleh ngapuro,
Wacanan Qur-an, Sholawat lang donga,
Supoyo padang ing qubur iro.

Wong ahli becik, nikmat kubure,
Wong kang duroko banget susahe,
Mengkono iku sabab amale,
Podo nampani, opo nyatane,

Mulo dulurku, monggo ngakehke,
Amal kanggo sangu matine,
Mulo dulurku, monggo ngakehke,
Amal kang kanggo ing akhirote.

Amal kang becik ditindak-ake,
Sunat den tambah bakda wajibe,
Larangan-larangan den adohi,
Dosa-dosa kudu den tobati,

Kanti dedonga, nyueun pitulung,
Adang-adang ing rahmat kang agung,
Kanti dedonga, nyuwun pitulung,
Ing Allah kuasa kang Moho Agung,

Lamun wus teko, dino qiyamat,
Poro manungso den tangek-ake,
Perlu den dangu sarto den landrat,
Kabeh amale ono donyone,

Amal kang becik di tikelake,
Amal duroko kadar lakune,
Amal kang becik, ditikelake,
Rahmate Allah ing kawulane,

Mlebu suwargo telu carane,
Tanpo den hisab kabeh amale,
Kanti den hisab oleh ngapuro,
Kanti den hisab lan mampir neroko,

Kabeh wong islam, mlebu suwargo,
Panggonan nikmat ingkang den sejo,
Kabeh wong islam mlebu suwargo,
Panggonan nikmat sruwa sruwi lego,

Nikmating nikmat manggon suwargo,
Ati kumrenteg tumuli ono,
Panggonan indah sekabehane,
Panggonan padang wangi gandane,

Ahli suwargo banget mulyane,
Kumpul jeng Nabi lan Shohabate,
Ahli suwargo banget mulyane,
Manggon ing kono sak lawas lawase.

Allohu Robbi kang Moho Mulyo,
Mugi maringi dateng kawulo,
Soho Ahli lan poro konco,
Sedulur Islam kito sedoyo,

Mlebu suwargo, tanpo rekoso,
Hisabe enteng oleh ngapuro,
Mlebu suwargo, tanpo rekoso,
Syukur ing Allah kang Moho Lomo,

Allohu Robbi mugi ngabulno,
Ing panyuwunan kito sedoyo,
Mugi maringi bagus ing donya,
Lan akhirate sarto rinekso,

Asaking sikso lan panase neroko
Amina amin ya Alah amin.
Saking sikso lan panase neroko,
Amin Ya Allah Ya Robbal 'Ala,in.



_______________________________________________________
Sholawat ini dilantunkan saat malam jum'at jam 11 : 00 malam di Masjid Agung Jawa Tengah oleh Jama'ah Asmaul Husna

Penyusun Lagu :
K. Muhammad Dardiri Bin Mbah K. Asyhari Almarhum
Lempuyangan Wangi Yongyakarta.
Tahun : 1965 M.

Penyempurna Sya'ir :
Drs. H. Amdjad al Hafidh, B. Sc., M. Pd.
Jl. Bledak Kantil II / 3 Perumnas Tlogosari
Semarang - Jawa Tengah – Indonesia
Telp. 024-6713492 ; HP. 08157604866
Tahun 2007.


0 Responses so far:

Leave a Reply