Sabtu, 25 Desember 2010

Gedhang Lan Perangane

Posted by Unknown on 15.36 0 komentar


Konco-konco , sapa sing wis tau mangan Gedhang? Meh kabeh bocah tau mangan gedhang, Rasane enak. Cokotane gamoh. Fitamine akeh, kulite gampang mleseti yen dibuwang ora genah. Mangan gedhang biasane kanggo tamba amis. Mangan sapira? Sauler? Sacengkeh? Apa satundung? sing tau mangan gedhang, becik yen weruh aran perangane gedhang.1. Gedebog = wit gedhang arane apa? wit gedhang arane gedebog.
2. Pupus = Godhong gedhang sing durung mekar arane apa? Pupus, pupus iasane kanggo bultel lemper. Wernane ijo enom.
3. Ontong = Kembang gedhang arane apa? Kembang gedhang arane ontong. Ontonge gedhang klutuk kena dienggo lawuh, disambel anggo santen
4. Sataljung = Godong gedhang salembar wutuh arane apa ? sataljung. godong gedhang sataljung keno dienggo payung. Ning ndeso kerep katon wong payungan godhong gedhang sataljung naliko udan grimis.
5. Klaras = Godhong gedhang garing arane apa? Godhong gedhang garing arane Klaras
6. Satundhun = Woh gedhang sauwit, wutuh durung kalong, arane apa ? satundun
7. Sacengkeh = Woh gedhang sasisir arane apa ? Sacengkeh.


0 Responses so far:

Leave a Reply